Kisahe Paijo Nggoleki Omahe Painem
GORO-GORO KENALAN LEWAT PESBUK, Sore iku Paijo lagi nmpak sepeda motor, nggoleki omahe Painem, kenalan anyar oleh soko pesbuk..
Rumongso kesasar, Paijo langsung mbukak pesbuk.. terus inbox-an nang akune FB Painem..Paijo : "Halo Yang Nem.. aku wis tekan daerahmu iki.. Terusmlebu gang sing endi..?"Painem : "Sing enek gapurane Mas, terus sampeyan lurus kiro-kiro 25meter ono omah gedong tingkat apik, warnanebiru, mobile akeh.."Paijo : "Siap..! aku wis teko kono.. iki omahmu to Nem..?"
Painem : "Dudu Mas sampeyan belok kanan kiro-kiro 10meter ono lapangan badminton.. Lha sebelahe lapanganiku.."Paijo : "Pasti iku omahmu yo Nem..?"
Painem : "Iku omahe tukang jahit Mas.. Lurus ae mengko mari jembatan ketemu omah, ono tulisane ISI ULANG PULSA lha iku.."Paijo :"Mesti iku omahmu khan..?"
Painem : "Iku jenenge konter hp, Mas.. sampeyan belok kanan ae, terus ketemu kuburan.. lha ngarepe kuburan iku.."Paijo (wis arep ngamuk) : "Omahmu Nem..?"
Painem : "Iku gerbang kuburan Mas.. sampeyan ojo mlebu..sampeyanbelok kiri ae, mengko weruh peternakan bebek gede iku.."Paijo(kudu ngamuk temenan) : "Aaarggh..! Iku omahmu tho..?"
Painem : "Aku dudu bebek Mas.. iku isih lurus terus....mengkoketemu alas.. ikuu.."Paijo (wes anyel) : "Iku omahmu Neeem...???!!!!!!"
Painem : "Aku dudu munyuk Mas.. sampeyan lewat alas lurus terus, mengko ketemu masjid.. lha sebelahe masjid iku.."Paijo (emosi pwuol) : "Nek pisan iki ngomong dudu omahmu.. tak santet temenan awakmu Nem..!!!"
Painem: "hehehe.. sabar Mas, dadi wong kok ngamuk-an.. yo iku omahku.. wis ketemu durung Mas..?"Paijo (lego campur lemes): "Iyo.. aku wis nang ngarep omahmu iki.. asyeem yo Ayang Painem.. gawe pegele awakku.. Awas mari ngene, ketemu tak jiwiti sampeyan..hehehe.."
Painem : "Yo wis.. mlebu ae.. Ono emakku neng njero omah kok, Mas.."Paijo : "Lho kok malah emakmu sing dikongkon nemoni???Lha awakmu nang endi Nem..???"
Painem: "Aku wis suwi nang Hongkong dadi TKW Mas.."Paijo langsung ndlosor nang suket kejet-kejet stroke e kumat stadium pitulikur.
Saatnya Berbagi :
Tidak ada komentar: